| Sate mBlora |
|
|
|
| Koplakan | Monday, 14 April 2008 07:00 |
|
Saté mBlora iku misuwur empuk tur wangi. Apa enèh nèk mangané wis luesu, rasané dadi uinuk tenan. Paling ithul nèk mangané karo ngiras ndhodhok nèng ngarep angkringé, karo kenèk keluké sithik-sithik, jan mak nyus tenan. Resèp Saté Ayam Blora versi Kadirun (Dalan Gunung Sumbing ngarep Polres mBlora) mbokmenawa arep dijajal ning omah: Bumbu Kacang : 1kg kacang brol digoreng, 15 bj bawang putih, 7 bj brambang, 10 bj kencur, 15 bj kemiri sangrai, 2 ons lombok abang Bumbu-bumbu iki di gongso ndhisik, kacang karo bumbu di selep alus, biasané dibalèni nganti ping telu dadi bumbuné dadi alus. (Nèk kanggo saté jagal (daging sapi selèpé cukup ping pindho aé). Banjur tambah uyah, gula, msg sacukupé lan godhong jeruk, banjur dicampur karo banyu santen saka 1,5 butir kelapa. (isa dadi 2 liter santen). Kabèh bahan dicampur, terus dimasak nganti umob. Banjur cilikké geniné, digodhok nganti metu lengané sing abang (di udhek-udhek terus...) Bumbu saté: Bawang putih, jinten, tumbar, kunyit bakar, garam gula, godhong jeruk... dialusaké, diolèské menyang saténé. Kuah : Nganggo bumbu opor tanpa daun serèh.. santené èncèr waé.. Saté : Kulit & jeroan ati digodhok ndhisik... daging, sempol, dhadha menthok dialupi banyu anget. banjur di iris tipis tipis lan disunduki. Siji pitik isa dadi +/- 100 sunduk (nèk pak Kadirun malah isa dadi 130 sunduk merga wis ahli). Sayangé saiki arang ana bakul saté mBlora ning Jakarta utawa kutha-kutha liyané sing tahan suwé. Contoné, ning dalan Pakubuwono Kebayoran gak suwé pindhah dalan Margonda Depok, éé gak suwé malah ilang tipaké. Sing marahi saté mBlora empuk ora liya sebab otot-é (urat) dijupuki ndhisik sakdurunge di sunduki. Cara nglolosi otot pitik kuwi kudu teliti banget ( ototé nèk bar iso digorèng, gurih banget kriuk..kriuk), terus bumbu saténé (sambel kacang), saben bakul duwé resèp dhéwé-dhéwé, saya suwé saya canggih. Mbiyèn kacang mok diuleg nganti alus, saiki wis nganggo blendher barang. Campurané uga béda-béda, ning mèh kabèh bakul saté saiki nyampuri engkès (biji mété) karebèn sambel saténé luwih mirasa. Kenapa kok Saté mBlora arang sing isa tahan suwé ning kutha liya? Watara 3 taun kapungkur ana uga sing dodolan Saté mBlora ning Sidoarjo, lan rasané ancèn ya "Mblora-ni", nanging mok tahan 4 sasi aé, sawisé iku ganti dodolan chinese food! :-( Bab iki ora liya merga soal rega. Akèh wong saiki isih mikir-mikir nèk kon tuku saté regané larang senajan rasané énak. Ing Surabaya - Sidoarjo, 10 sujèn saté pitik Madura "dudu pitik kampung" regané mok-an Rp.4000,- Ing mBlora, lebaran wingi "tuslah" saté pitik nagntèk Rp.8000,- Ya isa dibayangna aé nèk dodolan saté ning njabané mBlora gak tahan suwé, modhalé jablas. (saka maneka sumber) |
Sekretariat: Jl. Bumi Putra II/10A Rawamangun -Jakarta Timur 13240
Telp. 021-4721809, Email: ilusa_05@yahoo.com
Bank Account : BCA KCP RAWAMANGUN A/N Sri Purnomowati/ Sunardji No 0940692105