Register
Contact
Login

Login



Register

Register

Question

Contact



Pencarian

Alumni Login

Alumni Online

None

Pengunjung Online

  • [Bot]
Now online:
  • 1 robot
Latest members:
  • Winanto
  • nanto
Total members: 762
Musyawarah Umum Anggota Ikatan Alumni SMAN Blora (MUA ILUSA I) tahun 2007 PDF Print E-mail
Administrator | Tuesday, 01 April 2008 07:00

Pengalamanku melu MUA wingi pancen paling berkesan. Wong-wong sepuh podho semangat, lucu ora kalah karo sing enom-enom. Malah mungkin luwih semangat karo sing enom. Aku nganti gumun karo suasana kekeluargaan sing raket banget. Koyo sedulur sing wis podho kenal suwe lagi podho ngumpul.

Pas pisanan, aku jejer karo Pak Amin Purwakarta umure mung kacek sithik karo Bapakku ning usulan lan semangate isih koyo aktivis mahasiswa. Ora kalah maneh Pak Teguh Budhi Pramono sing lenggahe ono ning deretan kursi ngarepku. Jan suasanane MUA sing dikumandani karo Pakde Parno pancen sueger. Pakde Parno malah dadi trandmark sidang MUA wingi. Thik ora iku, wong panjenenganipun iki sing mimpin sidang soko awal nganti akhir kaliyan Pak Danardono lan Prof. Edi Suwono jek. Nek menurutku lucu-lucu nggemeske. Pokokke mblora buanget leh. Palu pimpinan sindang nanggo gedokan tangan dok... dok... dok...! MUA rampung ngasilke pengurus ILUSA sing anyar.
Pas lagi rehat ngombe teh ono bapak-bapak sing nakoni aku: engineer ya? dari mana? lan sak piturute........ Aku banjur takon njenengan sinten Pak? Oalah iki to sing asmane Pakdhe Sunardji ketua ILUSA sing dadi Wakil Rektor UI. Pas banget ciri khase pendidik utowo dosen lan ketok intelek . Dadi ngomonge yo akrab koyo mahasiswa lan dosene. Yo piye maneh aku yo lagi pisanan iki melu ILUSA dadi durung tepang, durung pernah ketemu sak durunge. Mung ngerti jeneng lan jabatan soko internet.

Om Pras.. we lah iki... sing dadi bintange artis sinetron ILUSA. Mbiyen aku dicritane koncoku nek Om Pras iku jendral. Bayanganku yo tegas, kaku, keker, angker utowo serem. Jebule adoh soko kesan kuwi. Om Pras kuwi grapayak buanget. Senajan wis sepuh (angk.'69) ning koyo isih enom umur 40 tahun. Sing paling nggumunke Om Pras kuwi pinter babagan teknologi informasi (IT). Jan puinterre puol. Lagi pisan ketemu Om Pras langsung ngerti nek aku nduwe blog (padahal agi sewulan lan durung okeh tulisanne), pernah ngedit ning wikipedia, banjur kuwi Om Pras ngedit tulisanku ditata apik thirik-thirik. Kok ono yo wong tuwo, jendral, ngganteng, ning pinter internet. Jan aku sing enom ae kalah kok. Nganti Om Pras pesen karo aku kon nulis ning wikipedia basa jawa. Alah iki maneh. Aku iki wong jawa, ning nek nulis Basa Jawa ning tak akoni jarang banget, iso tak arani ora pernah malah. Lha nulis email iki yo latihan kok. Jarene Om Pras penutur basa Jawa iku akeh, ning artikel sing nganggo Basa Jawa sithik. Kuwi nunjukke wonge males. Nyumbang tulisan Basa Jawa yuk!

Wong sing paling sibuk lan dadi kunci sukses MUA wingi sopo maneh nek ora Budhe Ipoeng. Nganti ngecek aku bola-bali undangane wis ditampa durung lan mesthekke iso melu MUA po ra. Padahal sak durunge aku yo ora kenal. Pancen aku pernah nulis jeneng ning website ilusa. Terus di-SMS kon melu MUA makili angkatan 2000. Opo maneh Budhe iku sregep lan trengginas, rajin ngisi milis Ilusa. Ora salah maneh nek peserta MUA milih Budhe dadi Ketua ILUSA periode 2008-2010. Senajan sak durunge ora saguh dadi ketua. Pengin njaluk pensiun, sing enom ae akeh. Ning sak wise dirayu-rayu akhire yo gelem dadi ketua. Sarate sing enom2 gelem bantu, ora mung Ketua lan Sekjen sing ubyek dhewe. Wis yo, Sugeng ngayahi tugas kagem Budhe Dra. Sri Purnomowati, Apt., MSi!

Nek tak tulis kabeh ora rampung-rampung ki. Tanganku yo wis kemeng je.

Salam kagem sedaya sesepuh ILUSA, pengurus, lan sedaya peserta MUA kala wingi. Nuwun ngapunten sedaya kalepatan!

amustofa 2000
(cah mblora melu ilusa yuk!)

komentar, klik aja!


Ahmad Mustofa Rusdi
http://amustofa.wordpress.com
amustofa2000@...
kangmus@...

   Copyright © 2010 www.ilusa.net - All Rights Reserved
   Developed By: SariWh

Sekretariat: Jl. Bumi Putra II/10A Rawamangun -Jakarta Timur 13240
Telp. 021-4721809, Email: ilusa_05@yahoo.com
Bank Account : BCA KCP RAWAMANGUN A/N Sri Purnomowati/ Sunardji No 0940692105