| Dundum BdB |
|
|
|
| Saturday, 12 April 2008 07:00 |
|
Setu isuk-isuk mBak Astie wis tekan Sekretariat Ilusa Rawamangun merga ana tugas penting yaiku "dundum" BdB. Ancèn ya wis telat buanget lèh wong sakdhongé rak terbit sasi Januari, nanging kok sasi April lagèk mencungul. Ya merga wis telat buanget mau Ketum Ilusa bengok-bengok ngundangi sukarelawan kon kerjabhakti ngadhahi, nglabeli, ngelompokna ana sing Jakarta Barat, Timur, Utara, Selatan, Bekasi, Bogor, Depok, luar Jabotabek, pokoké jan èpyèk tenanan. "Sedina kudu bar lho..!" ngono dhawuhé Budhé. Untung Ketua Biro Data ngrangkep Bagian Distribusi mbak Asti cukat trengginas. Ngetiki label siji-siji iku gak gampang lho, untungé saiki wis ana sing setia ngancani ngalor ngidul dadi ya sumringah aé cah. Sak Sèkjèné Ilusa pisan yaiku mas Sri Donio ya mélok èpyèk, dadi jam 4 soré ya isa bar tenan. Jaré kroyokan, lha pengurus liyané endi lèh?? Kok gak ana sing kétok? Nèk ngéné iki carané ya isa bangka tenan lèh. Jaréné dhik bengèn kaé wis janji nèk arep ngéwangi Budhéné? Mboh lho ya engko nèk pengurusé dha purik. Ayo ayo dha ngéwangi ah?! Jaréné mBlora kepéngin maju?? |
Sekretariat: Jl. Bumi Putra II/10A Rawamangun -Jakarta Timur 13240
Telp. 021-4721809, Email: ilusa_05@yahoo.com
Bank Account : BCA KCP RAWAMANGUN A/N Sri Purnomowati/ Sunardji No 0940692105