| Wang sinawang |
|
|
|
| Monday, 28 April 2008 07:00 |
|
Tembung "sawang-sinawang" utawa "wang-sinawang" iku tegese "sawang-sawangan" sing siji nyawang sijine, sijine nyawang sing siji, si A nyawang si B, si B nyawang si A. Tembung iku mratelakake menawa ing urip padinan wong liya iku kahanane kaya luwih becik lan luwih kepenak katimbang dheweke, mangkono uga suwalike. Menawa ana wong sing alok utawa ngresula wong kae kok luwih beja, luwih kepenak, luwih seneng katimbang awake dhewe, padatan ditanggapi menawa wong iku rak mung sawang-sinawang. Wong liya iku katone luwih beja, luwih kepenak, nanging wong liya mau ya duwe pamawas mangkono menawa nyawang awake dhewe. Ana tetembungan sing nyebutake menawa "rumput di halaman tetangga lebih indah daripada rumput di halaman kita sendiri". Barang darbeke wong liya katon luwih becik lan luwih pengaji katimbang barang darbeke dhewe. Panguripane wong liya kaya-kaya luwih becik katimbang panguripane dhewe. Rasa-rumangsa kaya mangkono iku bisa nuwuhake panalangsa, ora duwe pemarem lan panarima. Panyawang kang luwih akeh tumuju marang tata lahir iku durung mesthi benere. Lan maneh, wong siji lan sijine iku ora padha, dadi ora ana piranti sing bisa kanggo ngukur kaluwihan utawa kesuksesane. Ana sing sugih bandha nanging rumangsa ora beja marga ora duwe anak. Ana sing sugih, pangkate dhuwur, nanging ora marem marga anake nakal-nakal lan ora ana sing rampung sekolahe.
|
Sekretariat: Jl. Bumi Putra II/10A Rawamangun -Jakarta Timur 13240
Telp. 021-4721809, Email: ilusa_05@yahoo.com
Bank Account : BCA KCP RAWAMANGUN A/N Sri Purnomowati/ Sunardji No 0940692105